Kamis, 25 September 2014

Saya akan memposting contoh drama bahasa jawa yang berjudul Malin kundang


Saya akan memposting contoh drama bahasa jawa yang berjudul Malin kundang

Ing jaman gumiyen, ing Padang Sumatera Barat yaiku ing Dusun Air Manis wonten randa ingkang asmanipun Mande Rubayah. Randa iku gadah lare ingkang asmanipun Malin Kundang. Malin katresnan sanget dening biyungipun, amargi saking alit Malin Kundang sampun ditinggal pejah dening romonipun.
Wonten ing sawijining dinten Malin sakit. Mande Rubayah ngusaha kangge kawarasan Malin.
Malin     : “Biyung, Malin mboten kuat malih.”
Biyung   : “Sabar, nak. Biyung dakusaha kangge kawarasanmu, nak. Biyung dakngundang tabib yo nak.”
Malin     : “Nggeh, biyung. Uhuk Uhuk Uhuk.”
Pungkasanipun, Malin saged waras malih. Saksampunipun waras Malin tambah katresnan dening biyungipun. Sawijining dinten, Malin sanjang kaleh biyungipunyen Malin kapengin tindak menyang kota.
Malin     : “Biyung, kulo badhe tindak menyang kitha, ing kitha kulo saged gadah pagaweyan kangge kawilujengan kito.”
Biyung   : “Yakin, nak? Luruh pagaweyan ing kuto gede iku luwih angel.”
Malin     : “Kulo mantep, nyuwun restunipun nggeh, Biyung.”
Biyung   : “Tapi….”
Malin     : “Tapi opo, Biyung?”
Biyung   : “Nggeh ‘mpun. Yen kuwi kapenginanmu, biyung izinke.”
Enjingipun, Malin tindak menyang kuto. Panggenan iki, panggenan kuwi, nanging mboten wonten lowongan.
Sawijining dinten, Malin mrisani lare estri taksih blonjo ing peken. Ujug-ujug, tas lare estri iku dipunjambret dening lare jaler.
Cahaya  : “Tolong, jambret! Jambret!”
Malin langsung nulungi Cahaya.
Cahaya  : “Matur nuwun nggeh, sampun nulungi kulo, kangge raosan panuwun kulo, keparenga panjenengan teng griya kulo rumiyin?”
Malin     : “Nggeh, mbak.”
Cahaya  : “Mboten pareng nimbali kulo mbak, nami kulo Cahaya.”
Malin rawuh teng griyanipun Cahaya, lajeng kenalan kaleh romonipun Cahaya.
Malin     : “Nyuwun sewu, Pak.”
Romo     : “Monggo pinarak, kowe sopo lungo bareng anakku?”
Malin     : “Kuloo..”
Cahaya  : “Niku pak, niku Malin. Malin sampun nulungi kulo saking maling.”
Romo     : “Oh, kowe asale soko ngendi?”
Malin     : “Kulo saking Padang, Pak.”
Romo     : “Loh, kok nganti mene?”
Malin     : “Kulo taksih luruh pagaweyan, Pak.”
Romo     : “Pas yen koyo ngono, aku isih luruh karyawan kanggo ngurusi kapal-kapalku.”
Malin     : “Alhamdulillah. Matur nuwun nggeh, Pak.”
Romo     : “Yo, podo-podo. Sesok kowe wis mulai kerjo.”
Lajeng Malin dipundadosaken karyawan lan dados akrab kaleh Cahaya. Nanging Malin sampun mboten kelingan maleh dhumateng biyungipun. Mboten dangu salajengipun, Malin lan Cahaya nikah.
”Biyung sampun sepuh Malin, kapan wangsul?” rintih Mande Rubayah saben ndalu.
Ngancik saksasi-sasi, saktaun-taun, Malin dereng wangsul-wangsul. Nanging, biyungipun yakin yen wonten ing sawijining dinten Malin badhe wangsul.
Wonten ing sawijining dinten, saking katebihan wonten kapal ingkang sae sanget badhe minggir ing ndarat.
Biyung   : “Syukur Alhamdulillah lareku wangsul.Malin, Malin. Malin lareku, sampun wangsul nak. Biyung kangen sanget nak.”
Malin     : “Kowe sopo? Ngaku-ngaku biyungku. Biyungku ora kaya iki.”
Biyung   : “Iki biyungmu nak, kulo kang sampun nglairake lan ngopeni kowe nak. Menopo kowe koyo iki?
Malin     : “Dudu, kowe dudu biyungku!”
Cahaya  : “Cuih! Tiyang olokadosniki biyungmu, Mas? Panjenengan ngapusi kulo?! Mbiyen Kang Mas sanjang yen biyungmu iku piyayi?”
Kepireng tembung estrinipun wau, lajeng Malin Kundang nendhang biyungipun.
Malin     : “Lungo!!”
Biyung   : “Iki biyungmu, nak!”
Malin     : “Ora! Koe dudu biyungku!” (tindak menyang kapalipun malih)
Biyung   : “Ya Allah. Menopo lareku kados niku? Paringaken panuduh-Mu Ya Allah.
Lajeng ing madyanipun segoro, wonten badai, anginipun kathah.
Malin     : “Wonten opo iki?”
Lajeng wonten petir lan nyamber Malin.
Malin     : “argghhhhhh.”
Lajeng Malin dados selo amargi sampun durhaka marang biyungipun.

0 komentar:

Posting Komentar